Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini 2019

Pidato Bahasa Jawa Hari Kartini - Sebagai bangsa yang menghormati arti sebuah usaha seorang perempuan tentu di hari kartini ini kita harus mengenang dan menghormati usaha para perempuan dahulu sebagai bentuk terima kasih dan rasa syukur kita akan kemerdekaan dan kenikmatan yang sudah ada pada masa kini di Indonesia.

Untuk memperingati Hari Kartini ini aku akan memperlihatkan pola naskah pidato perihal Hari Kartini, biar dengan adanya pola naskah pidato Bahasa Jawa ini anda akan lebih gampang dalam membawakan maupun menghafal naskah pidato yang akan disampaikan pada program peringatan Hari Kartini. Berikut yaitu naskah pidatonya.


 Sebagai bangsa yang menghormati arti sebuah usaha seorang perempuan tentu di hari karti Contoh Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini 2019


Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini


Pembukann Pidato Hari Kartini


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, para rawuh sedaya, para berakal balig cukup akal putri ingkang kawula kurmati. Saderengipun, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing siang/dalu menika kita sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.

Salajengipun, kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh ajakan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.

Isi Pidato Hari Kartini


Para rawuh sedaya, sampun kita mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti minangka dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun perempuan Indonesia ngantos saged sami kaliyan drajating priya.

Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para perempuan Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para perempuan mboten dipun keparengaken sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika, para perempuan sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya.

Asil perjuanganing Raden Ajeng Kartini pranyata saestu saged kaleksanan, samenika sampun kathah para perempuan ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados Ibu Megawati Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal.

Saupami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum perempuan ing wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang dipunkersakaken R.A Kartini inggih menika ngagenging haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita, menawi priya saged sinau ing pawitan luhur, perempuan inggih dipun parengaken. Wanita mboten naming ing pawon.

Penutup Pidato Hari Kartini


Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para perempuan sampun sami nyambut damel kangge majengaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen perempuan gadhah jejibahan anggulawentah putra ing kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma bektinipun dhateng negari.

Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyyengkuyung pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. mugi sedaya wau pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad.

Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.


Akhirnya selesai sudah aku menuliskan contoh naskah pidato Bahasa Jawa peringatan Hari Kartini ini, biar dengan adanya pola naskah pidato ini kita sanggup memperlihatkan penghargaan kepada wanita-wanita Indonesia terutama wanita-wanita yang berbudi luhur dan menjunjung tinggi nilai-nilai kemanusiaan.

Semoga pidato Hari Kartini ini bermanfaat untuk kita semua, simpulan kata aku ucapkan terima kasih dan selamat Hari Kartini perempuan Indonesia.

Sumber http://www.satubahasa.com

Post a Comment for "Contoh Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini 2019"