Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Pidato Bahasa Jawa Perihal Kebudayaan

Pidato Bahasa Jawa Kebudayaan - Kita pastinya sudah sering mendengar bahwa kebudayaan yaitu sesuatu yang sangat penting untuk terus dilestarikan. Hal ini tentu tak terlepas dari pengertian budaya itu sendiri yang mempunyai arti suatu cara hidup yang berkembang serta dimiliki bersama dalam sebuah kelompok dan diwariskan dari generasi ke generasi. Kebudayaan sendiri menyangkut jati diri sebuah bangsa. Oleh akhirnya kita harus memberi kesadaran kepada orang lain supaya tetap melestarikan kebudayaan, salah satunya dengan pidato. Berikt ini tumpuan pidato dalam Bahasa Jawa, yang merupakan salah satu bahasa tempat di Indonesia:

 Kita pastinya sudah sering mendengar bahwa kebudayaan yaitu sesuatu yang sangat penting  Pidato Bahasa Jawa Tentang Kebudayaan
 Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Salam kasugengan lan karaharjan dhumateng kita sedaya, mugi tansah kajiwa kasarira. Amin.
Sumangga kita ngaturaken puji syukur dening Gusti Ingkang Maha Asih. Saking sedoyo kemirahanipun ing wekdal menika, kita tasih dipunparingi kesehatan lan  rahmat saengga kita sedaya saged makempal wonten ing papan menika kanti pinaringan karaharjan.

Kulo lan panjenengan sedoyo meniko sampun sami mangerteni lekne Nagari Indonesia niku kawastanan nagari laut amargi pulau nipun engkang khatah sahingga werninipun budaya Indonesia ugo kathah. Salah sawijinipun yaiku budaya jawi.

Kabudayan dados salah sawijinipun pusaka saking leluhur kita ingkang mboten saget dipunnilai regine. Amargi niku, kulo lan panjenengan sedoyo kedah nglestarekaken kabudayan supaya mboten punah. Nglestarekaken budaya jawi menika pancen mboten gampil. Amargi perkembangan jaman, kabudayan monco saget kanthi gampil mlebet ugi alon-alon nglunturken kabudayan kita piyambak.

Kabudaya Jawi niku pranataning uripe wong jawi manuju kasampuraning jalma manungsa. Kabudayan jawi menika  salah sawijine kabudayan imgkang sampun mapan, amargi sampun suwi banget entenipun. Nanging Budaya Jawi niku mboten madeg piambakan. Kapitadosan kayata Animisme lan Dinamisme miwiti ananing Budaya Jawi. Sakliyane menika agami kados Hindhu, Budha, Islam lan Kristen ugo kathah  banget pasumbange marang Budaya Jawi. Budaya Jawi urip bebarengan kalian Agama lan Kapitadosan ingkang ana ing Indonesia. Wataking Budaya Jawi ingkang tansah madosi selarase swasana gampil nampa ananing kabudaya liyan.

Salah sawijinipun cara kagem nglestarekake budaya jawi inggih punika ndadosaken mata pelajaran Bahasa Jawi kelebu ing pelajaran wonten sekolah. Pramila pamerintah Indonesia sampun mutusaken menawa pelajaran Bahasa Jawi dipun wilangaken ing njero pelajaran muatan lokal. Ingkang biasanipun diwilangaken ing pelajaran Bahasa Jawi inggih menika babakan sesorah Basa Jawi, dongeng pewayangan ngagem waosan Basa Jawi, ugi moco lan nulis abjad jawa.

Wonten pelajaran Basa Jawi ugi sinau babakan tembang macapat lan puisi utawa utawa geguritan. Sedaya menika caranipun pamerintah kita niki nglestarekaken kabudaya jawi.
Ing wekdal menika, kulo uga ngelingaken dumateng kita sedaya supados sesarengan nglestarekaken kabudaya jawi saengga kabudayan menika saget dados kabudayan ingkang lestari kagem anak wayah kulo lan panjenengan sedaya.

Cekap semanten rumiyen ingkang saged kula aturaken domateng panjenengan sedoyo. Nyuwun agunging samudra pangaksami menawi kulo wonten kalepatanipun atur. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Seperti itulah tumpuan naskah pidato kebudayaan dalam bahasa jawa yang baik untuk materi pidato yang akan anda bawakan baik ketika lomba pidato maupun dalam program jadwal penting di lingkungan anda yang berkaitan dengan kebudayaan, semoga bermanfaat untuk referensi naskah pidato anda.
Sumber http://www.satubahasa.com

Post a Comment for "Pidato Bahasa Jawa Perihal Kebudayaan"