Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Pidato Bahasa Jawa Perihal Pendidikan Terbaru 2018

Pidato Bahasa Jawa Pendidikan - Menuntut ilmu memanglah sangat penting bagi hidup kita, tanpa adanya ilmu kita tidak akan pernah mengerti apa-apa yang ada dalam kehidupan kita. Pada kesempatan kali ini saya akan mengajak sobat berguru perihal pidato bahasa jawa perihal pendidikan. Semoga pidato bahasa jawa ini dapat menginspirasi sobat dan dapat menjadi salah satu pola pidato bahasa jawa yang baik dan sekaligus menjadi acuan blog pidato bahasa jawa terbaik. Berikut ialah pola pidatonya.

 Menuntut ilmu memanglah sangat penting bagi hidup kita Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan Terbaru 2018

Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan


Pembukaan Pidato Bahasa Jawa Pendidikan:


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak lan poro Ibu ingkang kaulo hormati.

Monggo wonten ing ketika sa’meniko kulo lan panjenengan sedoyo samiho muji syukur dating Allah SWT. dene menopo wonten ing ketika sa’meniko Allah sampun paring pinten-pinten rohmat, welas asih lan keni’matan dumateng kilo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kula lan panjenengan sami saget keroyo-royo, bagi waktu ninggalaken griyo,  ninggal bondo lan rojo koyo, sami makempal wonten majlis puniko, boten ateges prawan golek joko, utawi dudho golek rondho,  tapi leres-leres pados ilmu agomo, ilmu sing keno kanggo sangu dating griyone moro tuwo, soho ilmu sing keno kanggo sanguine madep dating Alloh kang Moho Kuoso.

Mugo-mugo, mangke wangsul saking pengajian niki samio ngasto ilmu sing manfaah, ilmu sing maslahah, ilmu sing biso mbuahne amal perbuatan tondak-tanduk, solah bowo, toto coro ingkang pikantuk ridlo lan hidayah.
Lan mugo-mugo, sing rejekine rupek diparingono murah, sahinggo uripe tentrem ora kakehan polah, karo tonggo teparone rukun ora tahu congkrah, karo keluargane guyup ora ono sing serakah, yen due putro dipun dadosno putra ingkang sholeh lan solehah, putra ingkang tho’at dumateng tiyang sepah, soho manut miturut dating si embah, yen dikon nunggu umah meneng ora gelem ngedoli gabah, akhire kulo panjenengan gesang kanthi wabillahi taubah, soho pinaringanpungkasan ingkang husnul khotimah, Al-Fatihah…

Isi Pidato Bahasa Jawa Pendidikan:



Poro Bapak poro Ibu ingkang kaulo hormati!
Junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. sampun dawuh:

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلٰى كُلِّ مُسْلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ . الحديث

Ingkang artosipun,
Pados ilmu puniko fardlu tumerap saben-saben tiyang Islam jaler lan estri.

Ugi dawuhipun malih:

طَلَبُ الْعِلْمِ مِنَ الْمَهْدِ إِلَى اللَّحْدِ

Ingkang artosipun,
Pados ilmu puniko awit isih ono bandulan tumeko menyang luwangan utowo mati.

Poro Bapak poro Ibu sedoyo! Kanthi wontenipun hadits Nabi meniko sampun terang bilih ingkang wajib pados ilmu meniko sedoyo tiyang Islam mboten pang bulu, mboten pandang waktu, dados senajan to tiyangipun puniko sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, wis ora tedas peyek, mlakune wis ndeyek-ndeyek, asal durung matek, meniko tetep kuwaiban pados ilmu utawi nga……….ji.
    
Kejawi saking meniko, kepentingan ilmu meniko diatas segala-galanya. Tegesipun tiyang puniko bade ngayuh nopo kemawon kedah mawi ilmu. Contonipun menawi tiyang puniko kepengen dados dokter kedah gadah ilmune dokter, menawi tiyang puniko kepengen dados pedagang kedah gadah ilmune dagang, menawi tiyang puniko kepengen dados pegawai kedah gadah ilmune, meniko ngantos sa’ terusipun. Bahkan keranten sanget pentingipun ilmu, tiyang ingkang bade ngambah dalanipun ilmu puniko dipun jamin kaliyan Allah, bade dipun gampangaken dalanipun dating swargo. Dawuhipun Kanjeng nabi:
    
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَطْلُبُ فِيْهِ عِلْمًا سَلَكَ اللهُ بِهٖ طَرِيْقً إِلَى الْجَنَّةِ . (رواه مسلم

Ingkang artosipun,
Sing sapa wonge ngambah dalan tumuju marang golek ilmu, mongko Alloh nggampangangaken dalan marang wong iku nuju marang swargo.

Pentutup Pidato Bahasa Jawa Pendidikan:



Poro Bapak poro Ibu ingkang kaulo hormati!
Dados mekatenlah keranten sanget pentingipun ilmu, Alloh paring jaminan dipun gampangaken dalan dating swargo. Nopo maling menawi ingkang gadah ilmu meniko lare joko-joko lan prawan-prawan, ngantos dipun tembungaken:

Kayu nongko digraji-graji
Dienggo lawang karo lemari
Dasar joko kok pinter ngaji
Akeh prawan sing podho antri
  
Kayu waru digraji-graji
Kayu nongo dienggo lemari
Dasar Ayu kok pinter ngaji
Akeh joko sing arep ngrabi
    
Poro hadirin mekatenlah ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته


Semoga dengan adanya pola pidato bahasa jawa perihal pendidikan ini, sobat dapat lebih tekun dalam berguru dan menuntut ilmu. Jangan lupa baca pidato tentatang pendidikan bahasa Indonesia nya dan baca juga teks naskah pidato bahasa jawa lainnya ya.

Sumber http://www.satubahasa.com

Post a Comment for "Pidato Bahasa Jawa Perihal Pendidikan Terbaru 2018"