Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Pidato Bahasa Jawa Peringatan Maulid Nabi Muhammad Saw

Pidato Peringatan Maulid Nabi - Untuk memperingati maulid Nabi  Muhammad SAW. Biasanya diadakan acara-acara keagamaan yang diadakan di masjid-masjid, mushola-mushola dan tempat-tempat khusus lainnya. Oleh karenanya, bagi sahabat yang sedang mencari naskah pidato bahasa jawa wacana peringatan maulid nabi, nah.. pada kesempatan hari ini aku akan memperlihatkan teladan naskah pidato bahasa jawa wacana peringatan maulid nabi SAW. Semoga dengan adanya teladan pidato maulid ini sanggup mempermudah anda dalam menemukan pidato yang akan anda bawakan untuk program maulidan.

Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa :

Pembukaan Pidato Maulid Nabi :


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

    Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!
Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.
Poro rawuh ing ketika meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.


 bagi sahabat yang sedang mencari naskah pidato bahasa jawa wacana peringatan maulid nabi Pidato Bahasa Jawa Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW

   

Isi Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa :

Poro rawuh ingkang minulyo!
Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi populer wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:
    
Ingkang artosipu
“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”
Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!
Keranten adab ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken adab utawi akal pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد
Ingkang Artosipun
“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake akal pekerti”

    Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!
Agengipun imbas kemulyaan adab Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia. Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:
     
Ingkang Artosipun
“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo.

Pentutup Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa :
   Poro rawuh ingkang minulyo!
Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.
    Kintenipun cekap semanten uraian singkat wacana Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته


Semoga teladan pidato bahasa jawa wacana peringatan maulid Nabi SAW diatas sanggup dijadikan contoh pidato maulid nabi terbaik untuk dibawakan pada program maulidan untuk memperingati hari kelahiran junjungan kita Nabi Muhammad SAW, supaya bermanfaat untuk anda semua ya sobat.

Sumber http://www.satubahasa.com

Post a Comment for "Pidato Bahasa Jawa Peringatan Maulid Nabi Muhammad Saw"